Showing posts with label geguritan. Show all posts
Showing posts with label geguritan. Show all posts

Sunday, August 3, 2014

KAGEM BIYUNG




Biyung…
Maturnuwun
Panjenengan sampun kersa ngandhut kula
Sampun nglairaken kula
Sampun ngrumat kula
Wiwit kula ora bisa manapa-napa ngantos saiki
Panjenengan sampun paring tresna kinasih
Wejangan lan kawruh kanthi ikhlas
Maturnuwun sanget biyung 

Biyung…
Kula nyuwun ngapura
Sampun gawe rekasa panjenengan
Sampun ndamel panjenengan duka
Sampun gawe sedhih panjenengan
Dereng saged ndamel panjenengan harsana
Dereng saged mbales tresna kinasihipun panjenengan
Kula nyuwun pangapunten biyung

Nanging…
Anuju sawijining dina mangke
Kula bakal ndamel panjenengan harsana
Bakal ndamel panjenengan bangga
Margi kula

SRENGENGENE WIS SUMRINGAH




Dina wingi…
Awang-awang peteng lelimengan
Tan ana sunare surya
Margi katutup dening jaladara
Kalangan udan riris

Dina iki…
Jawah maruta dina wingi wis musna
Kaganti dening sunare surya
Sunar kang madangi loka
Kang ndamel pelangi endah
Ning langit padang jingglang

Lir kahananku
Sing seneng bungah
Sawise adus luh, udan tangis
Aku wis bisa uwal
Saka tatu nalaku
Margi panjenengan
Paring kinasih
Awit manahku tatu marga dheweke

WURU RINDHU




Aku wis ora mangerteni

Dunungmu ngendi saiki

Awit sliramu ora menehi warti

Dak takoni ora mangsuli



Apa sliramu wis lali

Karo aku sing kok tresnani

Apa sliramu wis lali

Amarga wis oleh ganti



Ana ngendi sira saiki

Apa isih eling karo aku iki

Apa sira nyumurupi

Kahananku ing mriki



Enggala bali

Tekamu dak antu

Panggalihku wuru rindhu

Siramu sing dak tresnani